Langsung ke konten utama

Postingan

Menampilkan postingan dari November 15, 2011

Syi'ir Tanpo Waton

Ngawiti ingsun nglaras syi’iran Kelawan muji maring pengeran Kang paring rohmat lan kenikmatan Rino wengine tanpo petungan == Duh bolo konco prio wanito Ojo mung ngaji syariat bloko Gur pinter ndongeng nulis lan moco Tembe mburine bakal sengsoro == Akeh kang apal quran hadise Seneng ngafirke marang liyane Kafire dewe gak di gatek-ke Yen isin kotor ati akale == Gampang kebujuk nafsu angkoro Ing pepaese gebyare ndonyo Iri lan dengki sugie tonggo Mulo atine peteng lan nisto == Ayo sedulur jo nglaleake Wajibe ngaji sak pranatane Nggo ngandelake iman tauhide Baguse sangu mulyo matine == Kang aran soleh bagus atine Kerono mapan segi ilmune Laku thoriqot lan ma’rifate Ugo hakekot manjing rasane == Al-quran qodim wahyu minulyo Tanpo tinulis biso di woco Iku wejangan guru waskito Den tancepake ing njero dodo == Kumantil ati lan pikiran Mrasuk ing badaan kabeh njeroan Mu’zijat rasul dadi pedoman Min